get app
inews
Aa Read Next : 15 Makanan Khas Bangka Belitung, Nomor 13 Paling Banyak Disukai Anak Tongkrongan

Contoh Geguritan Bahasa Jawa Terbaru 2022 Sesuai Tema

Sabtu, 26 November 2022 | 23:17 WIB
header img
Geguritan sendiri berasal dari kata gurit artinya tulis, gambar, dan nyanyian. Contoh Geguritan tersebut bisa kalian ketahui dalam artikel ini. Foto: Ilustrasi aksara Jawa/ Istimewa

JAKARTA, Lintasbabel.iNews.id- Contoh Geguritan Bahasa Jawa dapat kalian temukan di dalam artikel ini. Tentu saja, setelah mengetahui contoh-contoh tersebut, kalian bisa membuatnya sendiri dirumah, untuk membantu memudahkan membuat tugas sekolah.

Geguritan sendiri berasal dari kata gurit artinya tulis, gambar, dan nyanyian. Karya sastra ini digunakan untuk menyampaikan isi hati, memberi pelajaran, dan pengingat bagi yang membaca.

Dalam perkembangannya Puisi Jawa sendiri dibagi menjadi dua, yakni Puisi Jawa tradisional dan Puisi Jawa modern

Puisi Jawa Tradisional terdiri menjadi beberapa jenis, diantaranya: tembang, parikan, guritan, singir, dan tembang dolanan anak-anak. Yang termasuk ke dalam tembang diantaranya: (1) puisi tembang macapat, (2) puisi tembang tengahan, dan (3) puisi tembang gedhe.

Dilansir dari berbagai sumber, berikut ini beberapa contoh Geguritan Bahasa Jawa :

Geguritan Tema Kesehatan
      
       Corona
      [anonim]

Tekamu tan kinira
Nora katon ing netra
Anjalari lelara
Nuwuhaké bêbaya saindenge ndonya

Polahmu agawe cilaka
Agawé bingung nayakaning praja
Nyebabaké doktêr...suster uga warga koncatan nyawa
Ninggalake rasa sungkawa
Lan panalangsa
Kiprahmu aja dibacut-bacutake

Énggala sumingkir saka kene
Anggonmu mothah krana Gusti kang ndhawuake
Sakabèhing titah ora bisa nyaruwe

Ananging wis dadi kawigatene
Mula énggala bali mring ngarsane
Mugya dadi pepiling selawase

Geguritan Tema Pendidikan

 

          Pamulangan
      [Budhi Setyawan]

 

Jare simbah aku kudu sekolah
Kareben dadi bocah genah mrenah ora nggladrah
Jare rama ibu aku kudu sregep mangkat
Kareben dadi wong pangkat urip ora kesrakat mlarat

Jare bapak ibu guru aku kudu sinau
Tambah ilmu
Kareben kelakon kabeh kang tinuju
Nanging
prakanca, ….

Coba delengen kahanan nyata
Apa isih bisa pamulangan kang ana dadekake urip tumata
Pamulangan kang tanpa tuladha
Pamulangan kang kasatan piwulang
Pamulangan kang ngajarake angka-angka wuta
Siji lan siji ana pira?

Jare anut kang duwe kersa
Jan ora weruh subasita, trapsila, apa maneh tata krama
Lali dosa…
Kabeh lurung binarung kumalungkung
Pamrih pamuji siji
Pamulangan ora aweh pepadang

Simbah,
Nyuwun pangapunten
Kula mboten kepingin dados dokter
Jalaran duite bapak mboten wonten sakoper

Geguritan Tema Budi Pekerti

 

                 Begal
             [Iswahyudi]

 

Begal…
Wong liya nyebut brandhal!
Saben dina ngasah gaman nganggo ungkal
Kanggo nodhong njero terminal

Begal…
Pinter golek akal
Sapa wae bakal didadekake tumbal
Begal utege wis mirip kadhal
Yen kecekel dulangen sandhal!

Begal saiki…
Luwih tega nglarani!
Nggawa pitul nembak wong nganti mati!
Nggawe gregetan para pulisi!
Begal dibrantas ana ngendi-endi
Ketemon ngrampas ditembak mati

Begal saiki wis kebangeten
Wus kerep nggawa korban
Donya brana asil rampogan
Haram hukume yen dipangan
Bakal nampa siksaning nraka jahanam

Geguritan Tema Ibu

 

                Anggerku
  [Yanik Agus Setyaningsih]

 

Ngger,
Biyung nyuwun ngapura
Ora bisa dadi biyung kang sampurna
Ora bisa nglegakne atimu

Ngger,
Uripku kebak kaluputan
Ngiwa luput, nengen luput
Rumangsaku aku wis manut
Bangun turut karo sing jare winasis

Nanging nyatane isih tetep luput lan diluputne
Lara atine biyung, ngge
Kepengin crita wae,
Ora enek sing gelem krungu
Apa maneh sambat, mung arep digeguyu

Kabeh wis ora percaya karo biyung
Kabeh ki nyatane ngapusi
Nanging biyung isih tetep percaya, ngger
Mung siji sing ora bakal ngapusi
Gusti Kang Maha Agung

Geguritan Tema Pahlawan

 

                  Pahlawanku
               [ Hendra Majid ]

 

Pahlawan, sliramu dadi dalan kemerdekaan
Tadak awak ora wedi marang kematian
Nyowomu kanggo pondasine kebebasan
Kanggo rakyat saking cengkramane penindasan

Pahlawan, awan bengi nantang maut
Nglawan misil-misil kang semrawut
Kabeh lawan koe ajak gelut
Ra peduli najan awak podo benjut 

Pahlawan, semangatmu koyo geni
Ngobong kabeh pasukane kompeni
Kanggo njaga lemah kang ditresnani
Indonesia merdeka, Indonesia dihormati

Pitulas Agustus taun papat lima
Opo sing diimpekke dadi nyata
Saiki Indonesia wes merdeka
Pahlawan, perjuanganmu ra sia-sia
Indonesia merdeka !!!
Indonesia merdeka!!!
Kabeh mergo perjuanganmu

 

Geguritan Tema Alam

 

                       Merapi
                [Puthu Aryana]

 

Merapi…
Saka kadohan katon gagah
Asep putih ndedel ing awiyat
Tilas dalan lahar katon cetha
Kena sunare Hyang Bagaskara

Merapi…
Saumpama kowe bisa crita
Kabeh kadadean ing tanah Jawa
Wiwit jaman Mataram Kuna
Nganti madege Kraton Ngayogyakarta

Merapi…
Sliramu anyekseni kridhaning bangsa
Wiwit nalika ngusir penjajah Walanda
Jaman mardika jaman Soekarno
Nganti jaman Soeharto
Jaman Habibie tumekaning Megawati lan Susilo
Merapi dadi saksi

Geguritan Tema Lingkungan

 

             Lintang Panjer Rahina
                      [Slamet SA]

 

Nalika bumi isih sepi
Lintang panjer rahina wis tangi
Menehi Pepadhang sagung dumadi
Kang wiwit gumregah ngupaya rejeki

Para among tani wis ndalidir mecaki galengan
Mbok bakul sinambiwara wus sengkut makarya
Para ngulama tumungkul mengestu puja
Para santri wiridan ngaji

Jago kluruk sesautan
Melu tasbeh marang pangeran
Ndonya wis gagat rahina
Maringi kalodhangan janma ngupadi pangupajiwa

 

Geguritan Tema Sahabat

 

              Kanggo Kanca
                    [anonim]


Biyen, tanganmu genggem tanganku
Biyen, pundakmu enek kanggo aku nangis
Biyen, guyumu nentremke atiku

Nanging saiki….
Tangan, pundak, guyumu ilang saka uripku
Kanca-kancaku kabeh,bayangna
Apa sajatining kahanan sajroning dunya

Yen ora ana welas lan asih
Ora ana uga kekancanan tanpa pamrih
Ing sakjroning manah atiku
Aku ngrasakna kepengin ngamuk wektu iku

Kanca lan kancaku
Elinga rasa atiku iki
Jaganen rasaning welas asih iki

 

Geguritan Tema Percintaan

 

          Tresna
      [Erlita Fajrani]

 

Tresna kuwi sepele
Tresna kuwi ya kowe karo aku
Tresnamu kaya surya
Nanging ya kaya samudra
Tresnamu bisa nekakake mega

Nanging saiki tresnamu kaya dahana
Awit aku mbok tinggalna
Langit data peteng
Ora ana candra apa maneh kartika
Atiku kaya bawana sing lemahe nela-nela
Maruta, kandhakna yen aku isih tresna

 

Geguritan Tema Kemanusiaan

 

               Rumangsaku
                 [Roewandi]

 

Rumangsaku kabeh uwong mesthi
Kudu ngerti benere dhewe
Amung luput salahe
Kang tumiba janma liya

Padha anggega kersane pribadhi
Ngugung nguja luntaking angkara
Yen kepagol asesanti
Rawe-rawe rantas malang-malang putung
Singa lena nemahi pralaya

Katon wewentahan ujaring kandha
Napsu angedhaton ing ati
Rasul lan malaikat ora kasat mata
Banjur buteng mbregudhul ora ngerti
Anggering tata suba sita lan agama

Nek atine kagol kepantong liyan
Embuh ora ngerti eling
Tutur muni saujar dadi ganjelaning ati
Ora perduli embuh salahe
Nanging rumangsaku luwih entheng mayang ing ati

Dadi luber ajur mung kadi maruta
Ganjelaning ati kaanggep sesendhon
Tinambahan eling marang
Lajer kang tinandur Gusti
Kanthi mangesthi sesanti aku kabeh kalepotan luput

Itulah tadi contoh Geguritan Bahasa Jawa yang bisa kalian pelajari, semoga bermanfaat.

 

Artikel ini telah tayang di Celebrities.id dengan judul : " 10 Contoh Geguritan Bahasa Jawa Singkat Berbagai Tema "

 

Editor : Muri Setiawan

Follow Berita iNews Lintasbabel di Google News Lihat Berita Lainnya
iNews.id
iNews Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik lebih lanjut